Judul Tulisan | Alunan Syair Tanpo Waton Karangan Alm. Gus Dur |
Pilih Kategori | Artikel Renungan |
Website | |
Isi Tulisan | Astagfirullah robbal baroya… Astagfirulloh minal khootooya… Robbi zidni 'ilmannaafii'a… Wawaffikni 'amalansoliha… Yarosulalloh salammun'alaik… Yaarofi'asaaniwaddaaroji… 'atfatayaji rotall 'aalami… Yauhailaljuu diwaalkaromi… Ngawiti ingsun nglaras syiiran Kelawan muji maring pengeran Kang paring rahmat lan kenikmatan Rino wengini tanpo pitungan 2 x Duh bolo konco Priyo wanito Ojo mung ngaji syari'at bloko Ngur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sengsoro 2x Akeh kang apal qur'an haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe gak di gateke Yen isih kotor ati akale 2x Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare ndunyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nisto 2x Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sak pranatane Ngo ngandelake iman tauhite Baguse sangu mulyo matine 2x Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan sari ngilmune Laku thorikot lan ma'rifate Ugo hakikat manjing rasane 2x Al qur'an qodim wahyu minulyo Tanpo tinulis biso diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing njero dodo 2x Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan Mu'jizat rosul dadi pedoman Minongko dalan manjing iman 2 X Kelawan Alloh kang moho suci Kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati diriyadohi Dzikir lan suluk jo nganti lali 2X Uripe ayem rumongso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar narimo najan pas pasan Kabeh tinakdir saking pengeran 2X Kang anglakoni sakabehane Allah kang ngangkat drajate Senajan ashor toto dhohire Ananging mulyo maqom drajate 2X Lamun prasto ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadang Allah swargo manggone Utuh mayite ugo ulese 2X |
Tag Tulisan | syair islami |
0 komentar:
Posting Komentar